Ndandani Soal neng Beesmart

Sawisi bisa import soal sing ana script-e html lan kode mimetex liwat format excel, penulis nyobo ndandani soal-soal mau liwat editor-e Beesmart V 3, tapi nemoni sadengah persoalan, wiwit view lan edit soal.

Reka-reka saktekane, penulis nambahi/ganti  scripts ing sadengah file php. File-file lan folder dideleh (ganti utawa nambah) ing folder beesmart/panel/pages. Akhire penulis bisa ndandani soal kang ana scipts html lan mimetex liwat editor ing beesmart. File-file lan folder kang ditambahne utawa digawe ngganti bisa diunduh ing kene.

Sawise file lan folder dideleh neng panggonane, penulis nyoba mbukak Bank Soal beesmart (sajrone bank soal wis ndak import soal kang ngganggo kode html lan mimetex format excel) tampil bentuk.
Sabanjure penulis milih salah sijine bank soal, lan muncul  soal,

terus milih soal ditampilake ngganggo preview.

Tampilan edit uga bisa kanggo deleng soal. Salah sijine pitakonane soal kaya gambar,

Saka cendela edit soal kena didandani. Kanggo ndandani kode html ditampilake disik editor html kanthi nombol html neng menu editor lan tampil,

Jawaban uga bisa didandani, lan ojo lali nombol update ing editor html lan editor soal supaya data soal berubah.

Gambar ngisor  tampilan editor jawaban
lan editor html salah sijine jawaban. 
conto kode mimetex ing jawaban,

<img src=”cgi-bin/mimetex.cgi?-\frac{5x+4}{4x+3} ,\ x \not = -\frac{3}{4}”>

Bank Soal Digital Revisi 2017-2018

Aplikasi iki ndak wiwiti arupa jenis permainan soal wiwit tahun 2007. Penulis migunakake bahasa Pascal liwat program Delpy 2005 lan nate dikirim dening sekolah kanthi palilahe Dinas Kabupaten Blitar melok lomba inovasi pembelajaran ing LPMP Jawa timur tahun 2009.

Sanajan mung entuk respon minim saka juri lan ora bisa mlebu nominasi, penulis terus ngembangake Aplikasi mau.

Ngenani aplikasi kuwi bisa diwaca ing https://sites.google.com/site/12rr22 lan aplikasine bisa diunduh ing https://sites.google.com/site/12rr22/.

Tahun 2010 penulis nyoba nggawe permainan soal kang dinamis migunakake macromedia flash, asile lumayan apik, nanging tambah ribet.

File-file kang diasilake wujud swf, contone bisa diunduh ing https://sites.google.com/site/12rr22/media-format-zip/Tryout2010-2011.zip utawa ana https://sites.google.com/site/12rr22/Tryout1112.swf

Tahun 2011, penulis nganggo bahasa PHP lan data MySql nggawe Bank Soal Digital kang sepisanan. Bank soal mau mbutuhake server lokal (penulis nganggo XAMPP) lan plugin Mimetex kanggo nulis formula matematika.

Tahun 2013 aku reka-reka melu lomba inovasi, nanging naskah lan aplikasi kang ndak kirim (via pos ora tercatat) ora ono kabare (teka opo ora ?), ora ono tanggapan, ugo ora ono barang mbalik. Aplikasi lan tulisan ngenani Bank Soal iki bisa disemak lan diunduh ana https://sites.google.com/site/12rr22/ utawa ing https://gunawansusilo64.wordpress.com/2013/03/06/, dene conto kegiatan ing laboratorium komputer kena disimak ana https://gunawansusilo64.wordpress.com/2012/11/20/
Video ngisor iki wujud tutorial-e

Tahun Pelajaran 2015 – 2016 penulis ngembangake Bank Soal Digital migunakake bahasa Javascript lan Html. Bank Soal mau ndak ajukake menyang lomba Krenotek Kabupaten Blitar kanthi pangarep-arep oleh bantuan pengembangan saka Pemerintah Kabupaten Blitar.

Presentasi rikola lomba bentuk apk bisa diunduh ing https://sites.google.com/site/12rr22/ dene bentuk ppt bisa diunduh ing https://gunawansusilo64.wordpress.com/wp-content/uploads.

Ing sajrone acara tanya jawab sajake konsep Bank Soal kang ndak ajokake ora katon nduweni data base (Bank Soal), wusanane pangarep-arepku oleh bantuan pengembangan uga pupus.

Aplikasi Bank Soal Digital versi iki bisa diunduh ing https://drive.google.com/

Sawise pupus golek bantuan saka Pemerintah Blitar, ora kasil, penulis terus nyoba secara mandiri minangka kanggo nyukupi prasyarat guru profesional kang kudu nduweni kegiatan penunjang kanggo ngembangake ke-profesional-e ing tahun pelajaran 2016-2017, penulis nyobo mbagusi aplikasi Bank Soal Digital versi 2015 – 2016 kang ndak wenehi tenger Bank Soal Revisi 2016-2017.

Tahun Pelajaran 2017 – 2018 penulis mbagusi maneh kanthi tetenger Bank Soal Revisi 2017-2018. Ing revisi iki penulis migunakake MathJax, mula ukuran aplikasine saya gede, ananging asile aplikasi iki bisa diakses luwih akeh browser.

Aplikasi revisi iki wis penulis coba wektu nulis master soal kanggo Penilaian Akhir Semester 2017, asile rupa file Pdf bisa dunduh ana kene, dene file master kang wujud html bisa diunduh ana kene.

Aplikasi Bank Soal revisi 2017-2018 nduweni keluwihan dibanding sadurunge yaiku:

TryOut PAS 2017

Penulis nyoba migunakake javascript nggawe media sinau matematika kang isine latihan soal dinamis.

Media kasebut arupa file kompresan kang jenenge Tryout_Mat_Minat_10_2017.zip . Kanggo ngunduh file kasebut bisa diclik tulisan kuwi.

Sawise diunduh banjur diekstrak lan ngasilake folder Tryout_Mat_Minat_10_2017 ,  isine koya gambar tengen.

File sing diekskusi arupa file html,  jenenge TryOut_PAT_Mat_Minat_10.html ,  Sawise diekskusi bakal muncul soal, antarane katon ing gambar ngisor.

Versi aplikasi android latihan iki bisa diunduh ing https://sites.google.com/site/12rr22/TryOutPAS2017.zip, sawise diekstrak lan diinstall neng Hp android bisa kanggo sinau. Gambaran ana android bisa dideleng ing ngisor iki,

Aplikasi Latihan Ulangan Kelas XI IPA Sem 2 T.A. 2015-2016

Foto1489Foto1490Media ini berupa file aplikasi berbasis adroit dengan exsistensi apk. File tersebut dapat diunduh di https://sites.google.com. Langkah langkah setelah mengunduh adalah,

  • Jika file zip, ekstrak file zip hasil unduhan yang isinya file apk.
  • Pindah file apk ke hendpone dan pasang aplikasi tersebut.
  • Saat diakses akan tampil gambar seperti gambar kanan.
  • Pilih salah satu topik latihan ulangan dengan menekan kalimatnya
  • Tunggu beberapa saat akan tampil gambar kiri, meminta anda memasukkan nomor induk kemudian tekan tombol ok.
  • Sesaat akan muncul soal yang siap dikerjakan seperti gambar bawah.

Foto1491Foto1492